Nek lagi ngitung turahan gaji ngene iki aku sepakat karo omongane Rohman "Apalah artine awak gede dhuwur nek gajine miniatur. Wis minimum angel diatur."
Setiap ono lowongan kerja sing syarate kudu berpenampilan menarik aku langsung mikir:
"Dikiro sing rupane koyo tunggak Sono Keling ngene iki ora butuh gawean po piye?"
Jare pengen nabung. Tapi lagi nduwe turahan 50 ewu wae wis mikir "Pisan-pisan nyenengke awak. Mosok dikongkon kerjo terus tapi ora tau dikei mangan enak."