hasil hunting "national breakfast day" nya McD. sekarang bayar kopinya 11rb gratis chicken muffin sama bantal. ya mayan lah.
nek mbiyen malah gratis tis, nganti pindah nggon, ben intuk dobel karo @kencotan_. hehee
kosan kebanjiran pas mudik.
tenang, ra perlu ngungsi, balik2 kamar wes resik.
tapi barang2 do ilang, melu kebuang pas diresiki rewang.
pengenne nyetok barang ben bathi, malah dadi rugi.
wingi bali kerja pengen martabak, golek promoan neng gofud ra enek sing menarik. yowes tuku wae neng langganan biasane, seporsi 35ewu.
bareng saiki akeh promoan, 35 intuk 2 porsi, gas wae lah.
untung wingi tuku sing manis, dadi ra mblenger2 banget. hehehe
enek promoan gede, langsung lah golek2 opo wae sing dituku. pas wayahe, lebokne kode voucher e, check out, bayar. ra enek masalah kuwi.
eh, la kok bar kuwi ujug2 dibatalke.
e la kok iki nyantol meneh kodene, po merga beda toko ya? emang *** toko sakdurunge iki. nek ra gelem melu promoan mbok wes ra sah sekalian.
muga2 sing iki ra drama lah.
keturutan juga tuku kentakine BK, wes suwe nyidam tapi kena php terus.
10 potong mung 5ewu, isa nggo adus. hehehe
*lali ra tak foto pitike, bentukane yo mung ngono kuwi, ra ana bedane karo liyane.
terima kasih saya ucapkan kepada gojek yang sering bakar duit. saya jadi kalap kalo lihat makanan murah-murah begini, seneng deh. hehehe
oya, ini baru kloter pertama ya. nanti siang-sore lanjut lagi, semoga promoannya gak ilang duluan.
sakmenika kloter kaping kalih. namung pengen nyobi pripun rasane skippy, tibake enak sanget. pesen niki nggih kedah kanthi sabar, pesen saking jam 4, nembe nyantol pas ajeng maghrib. nanging mboten gela, amargi angsal regi semanten. manteb lah pokoke.
matur nuwun nggih g*fud, kerep-kerep mawon ngobong arta. kula dadi saged ngicipi maeman Korea, sanadyan rasane sami kaliyan cilok lan soun wonten ing peken. hehehe