Mateus 8:20 Asu-wawar padha duwe rong, lan manuk ing awang awang padha duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwe panggonan kanggo nyelehake siirahe
Lukas 19:26 Ingsun pitutur marang sira, saben wong kang duwe, iku bakal kapirangan, nanging kang ora duwe, iku bakal kapundhutan, iya dalah kang kaduwe
Lukas 17:4 Saumpama anggone kaluputan marang kowe ngantia kaping pitu sadina lan kaping pitu uga anggone marani kowe sarta sarta pratela: Aku kudu wung, iya kudu kokapura
Lukas 16:9 Padha memitranana kalawan migunakake Mamon kang ora temen iku, supaya manawa kowe koncatan Mamon iku, kowe banjur ditampani ana ing tarub kang langgeng
Lukas 15:4 Sapa panunggalanmu, kang duwe wedhus satus, mangka ana siji sing ilang, apa ora banjur nggoleki sing ilang iku nganti sak ketemune, sing sangang puluh sanga ditinggal ana ing ara ara samun?
Lukas 14:28 Sabab sapa ta panunggalanmu kang arep ngadegake manara, ora linggih dhisik ngetung etung, apa dhuwite cukup kanggo ngragadi nganti sarampunge
Lukas 14:8 Manawa kowe diulemi jagong manten, kowe aja linggih ing ngarep dhewe, awit bok manawa kang duwe gawe wis ngulemi wong kang luwih dhuwur pangkate tinimbang karo kowe